Postingan

Menampilkan postingan dari 2019

Crita Legendha

Gambar
  Crita legendha minangka salah sawijining jinis crita rakyat kang kalebu kondhang ana masarakat. Legendha iki ditegesi crita kang ana sambung rapete karo asal usul utawa dumadine papan panggonan. Mula saben dhaerah duweni crita legendha dhewe-dhewe. Lumrahe crita legendha iku ana amarga ana kadadeyan ing dhaerah kono. Sawise ana kadadeyan iku mau banjur digathukake prastawa kang wigati kasebut lan dhaerah papan kadadeyane. Prastawa wigati mau banjur didadekake jeneng papan panggonan ana kono. Upamane legendha Rawa Pening, Banyuwangi, Salatiga, lan sapanunggalane.Ing ngisor iki tuladha crita rakyat saka Jawa Tengah lan Jawa Timur, ana kang wujud teks lan video . Dumadine Rawa Pening Desa Banarawa lagi nganakake pesta desa. Wong-wong ing desa iku padha masak kanggo nyiapake pesta. Kabeh padha njupuk bagian, ora ana kang keri. Wong-wong padha nyiapake ubarampe pesta kang minangka wujud rasa sukur marang Gusti Kang Akarya Jagat. Ing tengah-tengahing padha nyambu...