Crita Legendha
Crita legendha minangka salah sawijining jinis crita rakyat kang kalebu kondhang ana masarakat. Legendha iki ditegesi crita kang ana sambung rapete karo asal usul utawa dumadine papan panggonan. Mula saben dhaerah duweni crita legendha dhewe-dhewe. Lumrahe crita legendha iku ana amarga ana kadadeyan ing dhaerah kono. Sawise ana kadadeyan iku mau banjur digathukake prastawa kang wigati kasebut lan dhaerah papan kadadeyane. Prastawa wigati mau banjur didadekake jeneng papan panggonan ana kono. Upamane legendha Rawa Pening, Banyuwangi, Salatiga, lan sapanunggalane.Ing ngisor iki tuladha crita rakyat saka Jawa Tengah lan Jawa Timur, ana kang wujud teks lan video.
Dumadine Rawa Pening
Desa Banarawa lagi nganakake
pesta desa. Wong-wong ing desa iku padha masak kanggo nyiapake pesta. Kabeh
padha njupuk bagian, ora ana kang keri. Wong-wong padha nyiapake ubarampe pesta
kang minangka wujud rasa sukur marang Gusti Kang Akarya Jagat. Ing
tengah-tengahing padha nyambut karya mau, ana bocah kang ala rupane, pesing,
lan amis gandane.
Mangerti kahanan kang kaya mangkono, wong-wong
padha ora seneng, amarga manut kapitayane masyarakat, bocah ala iki bakal
nekakake sial, ora oleh berkah anggone pesta. Kagawa rasa ora seneng mau, mula
bocah ala rupane ditundhung kanthi kasar. Bocah mau bisane mung nangis, karo
mlaku sempoyongan amarga wis pirang-pirang dina ora mangan, bocah ala rupa mau
lunga lan ngadoh saka wong-wong mau. Kanthi ati kang lara lan nabet jroning ati
amarga tansah digawe kasar, dihina, bocah ala rupa mau mlaku menyang kampung
tanpa arah lan tujuwan. Anggone mlaku ora krasa tekan papan panggonan arupa
gubugan kang sepi kahanane lan adoh saka masyarakat. Gubug mau mung dienggoni
wong tuwa wedok kang wis dadi randha.
Ing gubug mau bocah kang elek rupane dirumat
dening Mbok Randha. Dheweke diwenehi pangan
kanthi lawuh apa anane. Sawise mangan, bocah ala mau crita marang simbah
randha yen dheweke iku Baru Klinthing utawa Jaka Bandhung utawa Jaka Pening.
Simbah mau tresna banget marang Baru Klinthing, malah urip bebarengan sawetara
dina. Bareng wis rumangsa cukup dibantu dening simbah, Baru Klinting nerusake
mlaku lan marani wong-wong kampung kang wis nglarakake atine. Sadurunge lunga,
Baru Klinthing meling marang simbah yen mengko ana prastawa gedhe simbah supaya
numpak lesung. Ing batin, simbah bingung karo welinge Baru Klinthing mau,
nanging simbah tetep urmat lan ngeling- eling piweling kasebut.
Lakune Baru Klinthing linambaran ati kang goreh
lan nggawa sada lanang. Lakune wis tekan kampung kang dituju. Wong-wong padha
ngusir marang Baru Klinthing. Nanging Baru Klinthing ora gelem lunga, malah
nantang marang wong-wong kampung lan ngetokake sada lanang. Sada lanang kasebut
banjur ditancepake ing lemah. Wong-wong
dikandani supaya njabut sada mau, yen bisa njabut sada mau arep diwenehi bebana
dening Baru Klinthing. Krungu tembunge Baru klinthing kang kaya mengkono, wong-wong
pada nyoba njabut sada mau. Saka sing awake cilik tekan wong sing awake gedhe nanging ora ana
kang bisa njabut. Pungkasaning, sada mau bisa dijabut karo Baru Klinthing lan
muncratake banyu.
Muncrate banyu sansaya gedhe. Wong-wong padha
bingung lan padha golek papan panggonan kang luwih dhuwur. Omah, kewan,
wit-witan, raja brana, lan wong-wong mau ora ana tilase, kabeh wong pada sirna
amarga piwalese saka tumindake dewe. Kampung kang kaya rawa mau, diarani Rawa
Pening. Rawa Pening saiki panggonan plancongan ing Kabupaten Semarang, Jawa
Tengah. Rawa iku ambane kurang luwih 2.670 hektar lan mapan ana ing Kecamatan
Ambarawa, Bawen, Tuntang, lan Banyu Biru. Rawa iki mapan ana ing ereng-ereng
gunung Merbabu, Temoloyo, lan Ungaran.
Dumadine Kutha Banyuwangi
Wonten ing jaman rumiyin ing tlatah pojok wetan Jawa Timur wonten kerajaan ageng ingkang dipunpandegani dening raja ingkang adil saha wicaksana. Raja kasebut anggadhahi putra ingkang gagah prakosa ingkang asmanipun Raden Banterang. Karemenan Raden Banterang inggih punika ambebedhag.
Ing sawijining enjing Raden Banterang
badhe nindakaken karemenanipun. Piyambakipun nyuwun dhumateng abdinipun supados
nyedyakaken gaman beburon. Sasampunipun
gaman beburon sampun sedya, Raden Banterang kaliyan pengiringipun tindak dhateng wana. Nalika Raden Banterang mlampah kiyambakan, Raden Banterang mirsani kidang mlampah
wonten ngajengipun. Piyambakipun enggal – enggal ngoyak kidang kasebut
ngantos mlebet wonten ing salebeting wana, piyambakipun pisah kaliyan pengiringipun.
Raden Banterang nedya badhe madosi kidang kala wau ngantos kepanggih, sanajanta
piyambakipun kedah mlebet grumbul-grumbul punapa kedah mbabat alas.
Ananging kidang buronan kasebut boten kasil dipunpanggihaken, piyambakipun dugi
wonten ing bengawan ingkang wening toyanipun.
Raden Banterang ngunjuk toya bengawan kasebut ngantos ical ngelakipun. Saderengipun ical ngelakipun, Raden
Banterang ninggalaken bengawan kasebut. Ananging nembe pinten jangkah Raden Banterang mlampah, Raden Banterang tetemu kaliyan lare estri ingkang ayu merak ati.
Raden Banterang lajeng tangled dhumateng tiyang estri punika sinten sejatine
piyambakipun. Lajeng tiyang estri punika mangsuli bilih piyambakipun nama
Surati, putrinipun raja saking kerajaan
Klungkung.
Surati saged dumugi wonten alas ngriku amargi pados slamet
kagem piyambakipun saking mengsah, ramane
Surati sampun gugur amargi nggegegi kerajaanipun.
Mireng
pangandikanipun lare estri
punika, Raden Banterang kejot mangertosi sungkawanipun putri Raja Klungkung punika, Raden Banterang enggal – enggal nulungi kaliyan ngajak wangsul wonten keraton. Mboten dangu-dangu, Raden Banterang saha Surati krama lajeng mbangun bebrayan. Wonten ing
satunggaling dinten, putri Raja Kalungkung tindakan kiyambakan menyang njawi keraton.
Dumadakan wonten tiyang jaler ingkang pangagemipun ala celuk-celuk nama Surati.
Sasampunipun mirsani tiyang jaler punika, Surati nembe emut, ingkang wonten ngajengipun inggih punika kakangipun ingkang
asmanipun Rupaksa. Kekarepanipun Rupaksa manggihi Surati inggih punika badhe ngajak rayinipun supados paring
piwales ala, amargi Raden Banterang sampun mejahi ramanipun. Surati nyariosaken menawi piyambakipun dipunkrama Raden Banterang
amargi
rumaos gadhah utang budi. Surati boten purun mbiyantu kakangipun. Rupaksa duka mirengaken
wangsulan rayinipun. Ananging, Rupaksa sempet maringi tali sirah
dhumateng Surati.
Piwelingipun Rupaksa supados tali sirah punika dipunsimpen wonten ing
sangandhaping paturonipun garwanipun Surati, Raden Banterang. Pepanggihan Surati kaliyan Rupaksa boten dipunmangertosi dening Raden Banterang, amargi Raden Banterang nembe bebedhag wonten alas.
Nalika wonten ing tengah alas, Raden
Banterang dipunkejotaken kaliyan tekanipun tiyang jaler ingkang
panganggonipun ala.
Tiyang jaler punika ngendika bilih garwanipun Raden Banterang nembe ngupaya
mejahi Raden Banterang kanthi nyuwun pitulungan dhumateng setunggal tiyang
jaler. Buktinipun inggih punika wonten tali sirah ingkang dipunsimpen garwane
wonten sangandhaping peturon Raden Banterang. Tali sirah punika gadhahipun
tiyang jaler ingkang dipunsuwuni pitulungan dening Surati kagem mejahi Raden
Banterang. Sasampunipun ngendika mekaten, tiyang jaler punika ical kanthi cara ingkang nggumunaken.
Raden
Banterang kejot mirengaken pangandikanipun tiyang jaler kala wau. Piyambakipun
gegancangan wangsul dhateng keraton.
Sasampunipun
dugi keraton, Raden Banterang enggal–enggal madosi garwanipun wonten paturonipun. Dipunpadosi tali sirah ingkang sampun dipuncariyosaken tiyang jaler wau.
Sasampunipun nemokaken tali sirah kalawau, Raden Banterang sanalika ndakwa
garwanipun badhe mejahi piyambakipun. Amargi pitados ngoten kemawon kaliyan
ngendikanipun tiyang jaler ingkang dipunpanggihi wonten ing alas wau, pramila
Raden Banterang sanget dukanipun dhumateng Surati. Surati boten duka dipundakwa
kados mekaten, piyambakipun nyobi nerangaken kanthi alus menawi piyambakipun
boten gadhah niyat kagem nyilakane Raden Banterang, garwanipun ingkang sanget
dipuntresnani. Ananging Raden Banterang tetep wonten panemunipun menawi garwanipun ingkang sampun dipuntulungi badhe nyilakani kawilujenganipun Raden Banterang. Saderengipun nyawanipun cilaka,
Raden Banterang langkung
rumiyin badhe nyilakani garwanipun,
Surati. Raden Banterang nggadhahi niyat nyilakani garwanipun wonten bengawan.
Sasampunipun dugi bengawan, Raden Banterang nyariosaken pasatemon kalian tiyang jaler ingkang agemanipun ala nalika beburon wonten alas. Surati ugi nyariosaken pasatemon kalian
tiyang jaler ingkang
ala agemanipun, kados ingkang dipunjlentrehaken Raden Banterang.
Surati cariyos menawi tali sirah punika peparingipun tiyang jaler kalawau.
Surati paring panjlentrehan supados Raden Banterang saged luluh manahipun. Ananging Raden Banterang tetep pitados menawi
garwanipun badhe nyilakani Raden Banterang. Surati ugi
nyariosaken menawi tiyang jaler ingkang menehi tali sirah kalawau inggih punika
kakangipun Surati ingkang nama Rupaksa. Rupaksa nyuwun dhumateng Surati supados
paring pambiyantu mejahi Raden Banterang, ananging Surati boten nyaguhi
panyuwunipun Rupaksa. Surati ugi ngendika menawi piyambakipun saguh pejah kagem
Raden Banterang.
Sanajan sampun kajlentrehaken kathah-kathah dening Surati, ananging manahipun Raden Banterang tetep atos saha nganggep bilih garwanipun goroh. Saderengipun dipunpejahi dening Raden Banterang, Surati ngendika menawi toya bengawan punika mangke dados wening lan wangi, iku pratandha menawi Surati boten salah boten goroh. Ananging, menawi toyanipun dados buthek lan mambu bacin punika pratandha menawi Surati salah lan goroh. Raden Banterang nganggep pangandikan Surati punika amung rekadayanipun, saengga Raden Banterang enggal–enggal medalaken keris saking gegeripun. Sesarengan punika, Surati mlumpat wonten tengah bengawan lajeng ical. Boten dangu kadadeyan aeng dumadi, sanalika bengawan mambu wangi lan toyanipun wening. Mirsani kadadeyan punika, Raden Banterang nggetuni tumindakipun. Ananging, sedaya sampun kasep digetuni. Sasampunipun kadadeyan punika, tlatah punika kaparingan nama kutha Banyuwangi.
Ing ngisor iki tuladha crita legendha "Dumadine Rawa Pening" kang wujude video. Isine crita iku bisa beda-beda, amarga crita rakyat iku ora duweni pathokan baku kepiye crita kang bener. Mula bedane isi iku mau bab kang lumrah lan bisa dadi variasi saben dhaerah, ora perlu didadekake pasulayan.
Amung iku kang bisa kaaturake ana ing blog iki. Kritik lan saran banget dibutuhake kanggo luwih becike blog sabanjure. Matur nuwun.
aja dadi iwak kang lali panggonan urip, banjur lali cara urip lan cara ambegan



Sangat membantu dalam tugas2 sekolah....terimakasih kak
BalasHapusSangat membantu dalam tugas2 sekolah....terimakasih kak
BalasHapusSama2 adek 😁
BalasHapusApa apaan ini.
BalasHapusKeren sekali
Bagus mbak..
BalasHapusjosss
BalasHapusGimana yaa? Aku sih oke ♥️♥️
BalasHapus